√ 9+ Kumpulan Cerita Rakyat Bahasa Jawa Singkat & Pengertian Terlengkap!

8 min read

Kumpulan Cerita Rakyat Bahasa Jawa

Cerita rakyat bahasa jawa – Halo sahabat mudahdicari, pada kesempatan kali ini, kami akan membahas mengenai cerita rakyat bahasa jawa. Disini ada sebuah cerita rakyat yang terdapat di Nusantara, namun kami jelaskan dengan cerita rakyat menggunakan bahasa jawa.

Selain menggunakan bahasa Nasional Indonesia, cerita rakyat bahasa jawa, menjadi salah satu cerita yang dicari-cari masyarakat kita tercinta ini.

disini ada beberapa cerita rakyat bahasa jawa yang dapat Anda jadikan referensi untuk belajar atau untuk tugas, dan akan kami ulas dengan singkat dan pendek.

Kumpulan Cerita Rakyat Bahasa Jawa

Berikut cerita rakyat bahasa jawa, yang dibahas diartikel ini ada 4 cerita dan sisanya di artikel selanjutnya, ikuti linknya ya 🙂Cerita rakyat bahasa jawa legenda candi prambananCerita rakyat bahasa jawa Keong MasCerita rakyat bahasa jawa Timun MasCerita rakyat bahasa jawa Danau Toba

Pelajari juga : Cerita rakyat jaka tarub Bahasa Jawa, lengkap dengan unsur intrinsik. Nah, selainjaka tarub masih ada banyak cerita lagi. Pokoknya ikuti linknya ok 🙂

Pengertian Cerita Rakyat

Cerita rakyat yaiku sebuah cerita pada masa lampau, yang berkembang dimasarakat pada suatu daerah yang sedang membicarakan sesuatu yang belum dipahami pasti.

Biasanya crita rakyat diceritakan secara lisan, turun-temurun hingga ke anak cucu. Cerita rakyat biasanya tokoh-tokohnya diwujudkan dalam bentuk:

  • Manusia
  • Dewa
  • Maupun binatang

Jadi yang membedakan cerita rakyat dengan cerita rakyat bahasa jawa adalah dari segi bahasa yang digunakan untuk mengisahkan cerita rakyat.

Jika cerita rakyat, umumnya menggunakan bahasa Indonesia, tetapi bisa juga menggunakan bahasa Inggris. Jika dalam bahasa jawa, ceritanya menggunakan bahasa jawa.

Ciri-Ciri Cerita Rakyat

Seperti yang telah dijelaskan di atas, yaitu cerita rakyat dengan cerita rakyat jawa yang tidak berbeda, kecuali perbedaan bahasa kompilasi, maka ciri-ciri yang dimiliki pun sama. Berikut ciri-cri cerita rakyat:

  • Cerita berkembang dari mulut kemulut dan turun-temurun
  • Bersifat tradisional kaya dengan makna dan nilai-nilai yang luhur
  • Memiliki berbagai ragam versi
  • Penulisan cerita pertama kali belum diakui sepenuhnya
  • Nama pengarang tidak ada (bersifat anonim)
  • Mempunyai bentuk klise dalam susunan pengungkapannya

Jenis-Jenis Cerita rakyat

By: cyberspaceandtime.com

Cerita rakyat bahasa jawa juga memiliki beberapa jenis. Berikut macam-macam cerita rakyat:

  •  Legenda 

Adalah sebuah cerita rakyat yang menceritakan asal-usul satu lokasi (tempat) dan biasanya ada bekasnya (pentilasan), seperti : Sungai, Gunung, Dananu dan lan-lain. Contohnya : Takuban Prahu.

  • Mitos (mite)

Adalah jenis cerita rakyat yang dipercaya dan diyakini akan kebenaranya. Biasanya mitos menggambarkan manusia yang mempunyai kesaktian, binatang dan Dewa. Biasanya jenis cerita rakyat ini bersifat mistis dan sakral. Contoh : Kisah Nyi Roro Kidul.

  • Dongeng 

Dongeng adalah sebuah cerita rakyat yang sulit di percaya dan diluar nalar manusia. Contohnya : Keong Mas, Jaka Tarub, dan lain-lain.

  • Fabel

Fabel adalah sebuah cerita rakyat yang tokohnya berupa binatang yang bisa berperilaku seperti manusia. Contohnya : Si Kancil yang Ceridik.

  • Cerita jenaka

Cerita rakyat jenis ini, menceritakan tentang sesuatu yang lucu. Contohnya: Cerita Si Kebayan dan Pak Belalang.

  • Sage

Sage adalah sebuah cerita rakyat yang mengandung unsur-unsur sejarah. Contohnya: Legenda candi prambanan.

Nah, itulah jenis-jenis cerita rakyat. Kemudian kita akan membahas mengenai kumpulan cerita rakyat. Berikut beberapa crita rakyat dalam bahasa jawa.

Contoh Cerita Rakyat Bahasa Jawa

Disini akan dibahas mengenai cerita rakyat bahasa jawa keong mas, cerita rakyat timun mas, cerita rakyat danau toba dan cerita rakyat candi prambanan yang akan disajikan dengan sangat singkat, dilengkapi dengan unsur instrinsiknya. 

Cerita Rakyat Bahasa Jawa Legenda Candi Prambanan

Ing setunggal dinten, enten kerajaan engkang anggeng sanget namine  Candi Prambanan,  rakyat teng mriku nggeh sami ayem lan tentrem. Ingkang dipimpin kalian  Prabu Baka.

 Ing setunggaling dina, Kerajaan Prambanan, diserang kalian Kerajaan Pengging, seng dipimpin kalian  Bandung Bondowoso dan akhirnya Prabu Baka lan pasukane mati kabeh amergi keno senjatane Bandung Bondowoso. Kerajaan Prambanan malih dikuasai lan di pimpin karo dewekne.

Bandung Bondowoso yaiku Raja seng duweni pasukan bongso alus (jin). Wektu mimpin Prambanan dhekwe ndelengi putrine Prabu Baka seng ayu banget, jenenge  Roro Jonggrang.

Bandung Bondowoso langsung nglamar Roro Jonggrang, Roro langsung kaget lan bingung, amergi Roro mboten purun rabi kaleh Bondowoso. Ananging Bondowoso wedi yento ora nerimo lamarane Bondowoso bakalan murko lan damel kerusuhan ing rakyat Prambanan.

Banjur Roro Jonggrang gadah ide lan nanggepi Bandung Bondowoso, nek Roro Jonggrang purun dados bojone Bondowoso nanging enten sarate yaiku Bandung Bondowoso ken damel 1.000 (sewu) candi, kudu mari mung wektu sewengi.by: gambar.id

Bondowoso langsung golek ide supoyo bisa gawe 1.000 candi ing wektu sewengi. Banjur ing wengi, Bondowoso ngumpulne anak buahe, yaiku bangsa alus lan bangsa jin. Sakwise ngumpul, Bondowoso merintah poro makhluk alus ken damel candi, banjur poro jin langsung garap opo seng diperintahke Bondowoso.

Ing wektu cepet bangunan sampun bade 1.000. Roro delengi sangking khadoan, lan dekwene bingung ternyata Bondowoso diewangi poro jin. Banjur Roro langsung ngumpulne poro dayang-dayange.

Roro Jonggrang langsung menehi tugas dateng dayang-dayange damel ngumpulno lan bakar jerami. Dayang lintune ken ngunekne lesung lan nabur kembang engkang wangi.

Setan lan jin wau langsung ninggalne panggonane, amergi wedi disangka mpun enjing. Namung, candi dereng enteng 1.000, taseh enten 999.

Bandung Bondowoso murko dateng Roro Jonggrang, amergi mpun mbujuki deweke. Sangking mangkele Roro disabda dados patung lan genepi 1.000 candi. Candi-candi niku sampai sakniki taseh enten ing panggonan Prambanan, Jawa Tengangah.

Cerita Rakyat Bahasa Jawa Keong Mas

Ing setunggaling dinten, Desa Dhadapan mpun enten setahun mangso ketigo. Amergi iku uripe warga Dhadapan katula-tula, dadi larang pangan lan podo loro.

Ing dhadapan enek wadon tuwa sing tanpo dulur namine yaiku Mbok Rondo. Damel nyambung urip sabendinone Mbok Rondo golek krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang sisa ing sawedhing mbebegan.

Senajan kahanane kantun mengkono, nanging Mbok Rondho mboteng ngersulo, nanging malah saya yaketake marang Gusti ” Duh Gusti paringana pepajar ing desa ku mugi-mugi inggal kalis saka prahara niki”.

Sakwijining enjing, Mok Rondho pados panganan ing alas. Nalika lagi milang-miling ngertos cumlorot sinar, kang teko saktengahing kali kang asat, ing atine uwuh pitakon ” Kok cumlorot kados emas, cahaya nopo niku?”.

Banjur Mbok Rondo nyedeki sumber cahaya niku wau, jebule bareng mpun dicedeki enten keong mas kang nyungsang ing antarane watu kali. Banjur keong dibeto wangsul tekan nggria dilebetne gentong.

Mok Rondo aktifitas koyo biasane, yaiku menyang alas golek krowodan, nanging dinten niki Mbok Rondho nasipe lagi apes, mpun sampek sonten dereng angsal krowodan, akhire Mbok Rondho wangsul ngelanthung mboten angsal nopo-nopo.

Manton ngoten, Mbok rondho leyeh-leyeh teng ngemperan, sakwise niku dhekwene menyang pawon, mbok menowo ana krowodan kang bisa digawe ganjel weteng kang luwe. Mbok Rondho kami tenggengen amergi ngertos ing mejone katah panganan. “Sopo seng menehi panganan niku?”. Ing batine kebak pitakon, kedadean niki mpun sabendina.

Ing sawijining dina kanthi sesideman, Mbok Rondo dedpi, sinten ta tiang kang mlebu pawone. Banjur Bok Rondho ngertos keong mas wau medal sangking gentong lan dados putri engkang ayu. Mobok Rondho kaget ora kinaran. Saben Mbok Rondho lunga, keong mas mau malih wujud manungsa.

Mbok Rondho banjur nangkleti sinten sejatine tiang kang ayu niku.

” Nduk, sliramu sopo kok nganti kedarang-darang teka alas lan wujud keong mas ?”.

“Yung kula niki garwane Raja Inukerta, Raja ing Jenggala, nami kua Candra Kirana “.

“Loh kok awakmu saget teka alas dhadapan lan dadi keong mas kui larah-larahe piye ta cah ayu?”.

Banjur Candra Kirana, nerangake kejadiane. Ing sewijining dinten Candra Kirana dicidro kalian Raja Jin Sakti, kang kepingin ngepek garwa, ananging mboten purun nuruti kepinginane jin. Banjur Jin muntab  Dewi Candra Kirana, sinebda dados keong mas, banjur dibuang kang adoh sangking Kraton Jenggala, menyang kali.

Tujuane supados mboten ketemu kalian garwane, seng asmanae Raja Inukerta. Ananging kahanan nalikane kali kecemplungan keong mas, banyune asat. Asate banyu wau seng jalari keong mas nyungsang ing watu-watu nganti nemahi tiwas. Bejani ditemu mbok rondho lan diopeni kalian Mbok Rondho.

Cerita Rakyat Bahasa Jawa Timun Mas

Ing jaman biyen, enten mbok rondo seng urip piambak, mboten gadah dulur lan anak. Amergi urip piambakan, Mbok Rondho kepingin gadah yoga.

Saben dina rina lan wengi Mbok Rondho jaluk donga dateng ngersane gusti Allah, supados diparingi anak. Lan Mbok Rondho nggih yakin nek dhewekne bakal diparingi yoga dateng gusti Allah.

Tanpa sangertine Mbok Rondho, anggone dongo rino lan wengi ing nggrio niku wau keprungu Buto Ijo seng kebeneran lewat ing secedheke kono. Banjur Buto Ijo nimbali Mbok Rondho supados medal sangking nggriane. Banjur Mbok Rondho kaget enten Buto Ijo ing ngajeng nggriane.

Sak sampune mboten wedi Mbok Rondho medal. Banjur Buto Ijo matur, nek dhekwene saget nulungi maringi yogo. Mbok Rondo mireng ngeten wau atine langsung bungah, lan purun nuruti nopo seng dipingini Buto Ijo, yen purun maringi anak.

Panjaluke buto Ijo ya iku, menawi anake mpun ageng dijaluk ajeng dipangan, sak sampune niku Buto Ijo maringi winih timun seng gudu ditandur kalian Mbok Rondo. Sakwise Raksasa mungkur, Mbok Rondo nandur winih timun ing kebone. Wiji timun mau diramut kanti gemeti, diresiki sukete, disiram, dirabuk supoyo cepet tukul.

Sakwise niku, winih timun wes bodho tukul lan wohe katah, ing salah setunggale winih niku wau enten timun kang warnane kuning emas, gedhene seguling. Timun niku wau banjur pecah lan ing jerone enten bayi wedhok.

Banjur atine mbok rondo bungah amergo penjaluke sampun keturutan, Mbok Rondho ngucapne syukur dumateng ngersane gusti Allah, amergi dongane sampun diijabah. Bayi nikuwau pakulitane resik, alus kados kulit timun, amergi lahire sangking timun seng warnane kuning emas. Banjur dijenengne “Timun Mas”.

Sak sampune ngacik gedhe, Mbok Rondho kelingan janjine kalian Raksasa bade maringne timun mas dateng Raksasa, sehingga maleh susah atine, rino lan wengi, Mbok Rondo ndongo supados angsal pitulungan sangking gusti Allah.

Banjur, ing salah sewijining wengi Mbok Rondho ngipi ketemu kalian pertapa ing gunung gandul. Pertopo niku wau seng saget nulungi Timun Mas, supoyo mboten dijaluk Buto.

Injinge Mbok Rondho langsung lunga menyang gunung gandul, sak sampune ketemu kalian pertapa seng enten ngimpine, banjur Mbok Rondho diparingi buntelan damel Timun Mas. Petapa niku wau maringi pitutur pripun carane supoyo Timun Mas mloncat sangking bebaya ngadepi Buto. Mantun ngoten Mbok Rondho ngcapne maturnuwun, banjur pamit wangsul.

Dugi nggria Mbok Rondho maringi buntelan kang cacahe papat dateng Timun Mas lan dituturi pripun carane nggunakne. Mbok langsung ngengken Timun Mas kesah sangking nggria lan mlayu sak cepet-cepete.

Sak sampune niku Buto kang ajeng mendet Timun mas, dugi nggriane Mbok, nesu-nesu amergi ngertos Timun Mas  mpun mboten enten. Buto langsung ngamuk. Kebonane Mbok Rndho dirusak, banjur bengok-bengok ngoyak Timun Mas.

Amergi jangkahe Buto ombo-ombo Timun Mas mpun meh kasil koyak, banjur Timun Mas nguncalne buntelan kang isine wiji timun. Dumadaan dados kebon ingkang katah timune, Si Buto mandeng lan dahar timun seng katon seger-seger niku wau. Sak sampune timune telas, Buto kelingan menawa nguyak Timun Mas, Banjur Raksasa niku wau nguyak maleh.

Nembe sediluk mawon Raksasa meh kasil ngoyak Timun Mas. Banjur Timun Mas mbikak buntelan kang nomer kaleh, seng isine dom, lan diuncalke dumadakan dados alas pring. Let sedelo mawon Buto kasil saget medal sangking alas pring niku wau.

Banjur Timun Mas mbukak buntelan kang nomer telu lan di oncalke dados segoro kang jeru lan ombo. Buto Ijo niku mau ngalangi ing segara niku wau lan tetep ngoyak Timun, nanging saget mentas sangking segara.

Timun Mas ajeng kasel kekoyak maleh, banjur mbikak buntelan kang nomer papat seng isine trasi, banjur diuncalke dados segoro endot kang jero. Buto kecemplung endhut niku wau lan kangelan badhe mentas. Pungkasane Buto mati keleleb ing segoro endhut. Akhire Timun Mas urip slamet kalian Mbok Rondho 🙂

Nah, begitulah kira kira cerita rakyat Bahasa Jawa timun mas 🙂

Cerita Rakyat Bahasa Jawa Danau Toba

Ing sewijining dinten enten petani ing Sumatera engkang sregep banget tandhang gawe. Petani niku wau uripe ijen tanpo batih, saben dintene dhekwene nyambut gawe garap sawah lan pados iwak. Mekono niki dilakoni damel nyukupi kebutuhane sedinten-dinten.

Pentani niku wau lunga teng kali seng celak kalih nggriane, kiambake gadah gagasan bade pados iwak damel lawuh dinten niki.  Kiambake nuli mangkat namung mbeto panggon iwak, pakan, lan pancing siji.

Sak wise dugi kali, petani niku wau medalne panjine. Sak dangune nenggo pancinge dipangan kalian iwak, piambake donga” Duh Gusti Allah mugi-mugi dinten niki angsal iwak ingkang katah”.

Sawetara wektu sak sampune dunga, pancinge ketingal obah-obah, banjur petani langsung nggeret pancinge niku wau, petani niku wau bungah banget, amergi angsal iwak kang gedhe banget.

Sawetra wektu petani mau deleng pakolahe mancing, dhekwene kaget, amergi iwak ingkang dipancing niku wau saget matur. ” Tulung kula ampun dipangan, wangsulne malih ing kali “. Bengok iwak kasebut.

Tanpo katah pitakon iwak kasebut diwangsulne malih ing jero banyu. Petani niku wau dikagetne malih kalian iwak niku wau, sebape dumadakan iwak nikuwau wujud wong wadon kang ayu banget.

Banjur iwake matur ” Ampun wedi, kula ora bakal nglarani jenengan “.

“Sinten jenengan niku ? Jenengan iwak tha?”. (pitakone, kanti wedhi).

” Kula niku putri ingkang dikutuk amergi nglanggar aturan kerajaan “.

” Matur nuwun, jenengan mpun mbebasne kula, sangking kutukan niku wau, lan dados imbalane kula purun dados garwone jenengan “.

Akhire petani lan wong wadon nikuwau rabi, nanging enten setunggal kasepakatan seng perlu disetui yaiku, moboten angsal nyeritakake asal-usul putri wau sangking iwak. Yen matur kaya mengkono dilanggar bakal kedadean petaka kang gedhe.

Sak sampune rabi, petani lan bojone wau uripe ayem tentrem, amergi bojone rahayu bayi lanang kang bagus lan kuwat engkang diparingi asmo Samosir.

Ananging Samosir gadah kebiasaan seng damel bingung kabeh tiang, nggeh meniko dhekwene ngraos luwe terus, lan mboten nate rumongso warek, kabeh jatah panganan dipangan sedanten tanpo enten turah sak itik wae.

Sakwijining dinten Samosir angsal tugas sangking bukne, damel ngirim panganan lan wedang dateng bapake seng lagi tandhang gawe menyang sawah. Nanging tugase niku wau mboten rampung.

Samosir malah mangan panganan seng badhe diparingne bapake nganti telas, sakwise niku Samosir keturon ing sawijining gubuk. Bapake Samosir nuggoni anake kalian ngrekso ngelak lan ngelih, amergi mboten kiat, sampun luwe lan ngelak, pak tani wangsul.

Ing tengah dalan, ngertos yogane seng lagi turu ing gubuk, Pak tani langsung nangekne Samosir. ” Hoyyy ! tangi!”. Bengok bapake. Anake langsung tangi sangking tileme. Bajur bapake matur.

” Le endi panganan damel bapak?”.

“Telas pak, mpun kula dahar pak?” (jawab Samosir)

Kanthi damel nada duwur, petani nikuwau nggrundel dateng yogane. ” Anak mboten keno diuntung, mboteng ngertosi iwak, dasar bocah anak iwak!“. (umpat bapake wau tanpa ngelingi pantangan nopo seng diaturne bojone).

Sak sampune petani wau ngaturake tembang-tembang kasebut. Manton kejadian niku langsung anak lan bojone lenyap mboten enten jejak lan bekase. Sangking bekas idekan sikile, mentu banyu nyembur kang deres banget miline. Banyune niku wau, mbludak duwur banget sampek bentuk telaga sangking ambane.

Begitulah cerita rakyat bahasa jawa, tentang cerita danau toba

Penutup – Cerita Rakyat Bahasa Jawa

Nah, itulah sekilas mengenai pengertian, ciri-ciri, jenis-jenis dan contoh cerita rakyat bahasa jawa yang sangat pendek atau singkat. Semoga dapat bermanfaat 🙂

Mohon maaf, jika dari mudahdicari.com, terdapat kesalahan dalam pemuliasan maupun dari keta-katanya yang kurang bisa dipahami.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *