Geguritan pahlawan – Halo sahabat mudahdicari.com. Kali ini kita akan belajar mengenai salah satu geguritan Bahasa Jawa dengan tema pahlawan. Kita sebagai pemuda bangsa negara Indonesia, harus mengenang jasa-jasa para pahlawan kita, yang mana sudah berjuang membela Negara dan memerdekakan rakyat dan hasilnya dapat kita rasakan saat ini.
Kita sepatutnya harus bersyukur karena hidup dimana masa penjajahan sudah berakhir, semoga para pahlawan bangsa dan agama kita diterina dan mendapatkan naungan yang lebih baik.
Nah, berikut contoh geguritan pahlawan yang dapat Anda pelajari, simak sampai habis ya 🙂
Baca juga: Geguritan tema guru
Contents
- 1 Geguritan Pahlawan
- 2 Contoh Geguritan Tema Pahlawan
- 2.1 1. Geguritan Pangeran Diponegoro
- 2.2 2. Geguritan Pangeran Diponegoro
- 2.3 3. Geguritan Tanpa Tanda Jasa
- 2.4 4. Pahlawan Kartini
- 2.5 5. Geguritan Bahasa Jawa Tema Kartini
- 2.6 6. Geguritan Tema Pahlawan Kartini
- 2.7 7. Pahlawan Ki Hajar Dewantara
- 2.8 9. Geguritan Tema Pahlawan Kemerdekaan
- 2.9 10. Geguritan Perjuangan Pahlawan
- 2.10 11. Geguritan Tentang Pahlawan Segara Aru
- 2.11 12. Geguritan Bahaja Jawa Pahlawan Kartini Emansipasi
- 2.12 13. Geguritan Tema Pahlawan Ir. Soekarno
- 2.13 14. Geguritan Tentang Pahlawan
Geguritan Pahlawan

Pahlawan merupakan sebuah kata yang bersal dari Bahasa Sansekerta yakni pahla-wan maksudnya adalah seorang yang dalam dirinya menghasilkan pahala (hasil) yang sangat berkualitas bagi negara, bangsa dan agama.
Pahlawan ini adalah orang yang paling menonjol karena pengorbanan dan keberaniannya dalam mempertahankan negara, membela kebenaran dan pejuang yang sangat berani.
Pahlawan nasional dapat diberikan terhadap para pejuang yang berjasa terhadap Negara Repoblik Indonesia. Jika menurut data yang ada dari Kementrian Sosial RI, sampai November 2010 ada 149 tokoh yang dianugerahi gelar pahlawan nasional.
Kita sebagai warga Indonesia harus mengenang jasa para pahlawan, karena dengan adanya para pahlawan kita bisa tinggal dengan aman di Negara tercinta ini. Nah, salah satu cara yang dapat kita lakukan adalah kita bisa menuangkan jasa-jasa beliau melalui sastra seperti puisi, dan diabadikan dalam sebuah kata-kata yang indah.
Selain para pahlawan yang memperjuangkan negara kita kita juga harus berbakti dan mengenang jasa guru-guru kita, untuk mengenangnya kalian juga bisa menungakannya dalam sebuah geguritan dengan tema guru.
Contoh Geguritan Tema Pahlawan
Berikut ada beberapa contoh geguritan tentang pahlawan yang dapat penulis sajikan dalam artikel ini. Semoga setelah mebaca geguritan Bahasa Jawa tentang pendidikan ini dapat menambah pengetahuan Anda 🙂
1. Geguritan Pangeran Diponegoro
“Pangeran Diponegoro”
Karya: Aditya Bambang Tri Anggoro
# # #
Ngagem sorban ingkang petak
Nitih turangga kanti ngagem keris
Kangge ngelawan poro penjajah
Panjenengan mboten nate gigring
Jiwa lan ragamu dadi korban
Kangge nuswantara
# # #
Diponegoro…
Asmamu kaseret eng jeneng-jeneng dalan
Pragamu kang wibawa
Tunemplek ono eng arto
2. Geguritan Pangeran Diponegoro

“Pangeran Diponegoro”
Sumber: wimbo-prabowo.blogspot.com
# # #
Rogo nata
Nolo kawula
Taker ludira
Nggusah penjajah Walanda
Saka bumi nuswantara
Runtiking ati
Perso solaheng kampeni
Sawiyah marang bumi lan abdi
Labuh pati ndepani pertiwi
Tan ngetan kurbane picis
Tan miris landepe mimis
Nganti mumeko eng lalis
Tumpes tapis
Penget tumrap poro muda
Mirih nulad-anulada
Lubuh bongso mbangun praja
Mbrastha dumalaning negara
3. Geguritan Tanpa Tanda Jasa
Berikut contoh geguritan pahlawan tanpa tanda jasa, karya dari Rono.
“Pahlawan”
Karya: Rono
Pahlawan sliramu dadi dalan kemerdekaan
Tadah awak nora wedhi marang kematian
Nyowomu dadi pondasine kebebasan
Kanggo rakyat sangking cengkramane penindasan
# # #
Pahlawan, semangatmu koyo geni
Ngobong kabeh pasukane
Kanggo njaga lemah kang di tresnani
Indonesia merdeka Indonesia di hormati
# # #
Pitulas agustus tahun papat lima
Ono sing diimpikne dadi nyata
Saiki Indonesia wus merdeka
Pahlawan, perjuanganmu nora sia-sia
# # #
Indonesia merdeka!!!
Indonesia merdeka !!!
Kabeh merga perjuanganmu
Pahlawanku
4. Pahlawan Kartini

“Raden Ajeng Kartini”
Karya: Fauziah Isnaini
# # #
Senajan panjenengan wanita
Nanging purun rekasa
Sanajan dipingit wong tuwa
Atine tetep mbela
Mbela kaum wanita
Aja nganti kalah prakosa
# # #
Jejere wanita
Kudu tetep siaga
Ngowahi nasibe bangsa
Duwe wawasan kang jembar
Kanggo nggayuh lintang kang sumunar
5. Geguritan Bahasa Jawa Tema Kartini
Berikut contoh geguritan Bahasa Jawa tema pahlawan Kartini
” Raden Ajeng Kartini”
Kartini…
Sopo kang nora kenal panjenengan
Pahlawan kang belo kaume wanita
Pahlawan kang berjuang nentang paugeran walanda
# # #
Kartini…
Senajan tinitah dados priyai
Duweni trah bangsawan
Kartini mbelo emansipasi wanita
Mbelo rakyat jelata
# # #
Kartini…
Amerga jasamu
Wanita eropa lan wanita pribumi
Dadi duweni hak kang padha
Duweni hak pikantuk pendidikan
6. Geguritan Tema Pahlawan Kartini
“Raden Ayu Kartini”
Sumber: Pasberita.com – geguritan.com
# # #
Kartini…
Sinten seng mboten kenal jenengan
Pahlawan kang mbelo kaum wanita
Pahlawan kang berjuang nentang paugeran walanda
# # #
Kartini…
Senajan titah dadi priyai
Duweni trah bangsawan
Kartini mbelo emansipasi
wanita
Mbelo rakya jelata
# # #
Kartini…
Wulan April iki dadi saksi
Lelabuhanmu kang misuwur tumrap bangsa Indonesia
Habis gelap terbitlah terang (Sakwise peteng muculne padang)
Dadi bukri masa perjuangan
Kuto Jeporo dadi panggonan ngukir sejarah wanita
# # #
Kartini…
Amergo jasamu
Wanita Eropa lan wanita Pribumi
Dadi duweni hak kang padha
Duweni hak pikantuk pendidikan
7. Pahlawan Ki Hajar Dewantara

Berikut contoh geguritan Bahasa Jawa tentang Ki Hajar Dewantara, karya Bisri Nuryadi.
# # #
Ing ademe hawa walanda
Sira panggah netepi setya
Nyawiji ing ngilmu
Ngugemi ing laku
Nyeret ing saben-saben wektu
# # #
Nalika ati krasa
Krungu swara jerite sadulur
Ing lemah pertiwi
Sira gumregah greget
Bali ing desa mijilmu
Nuswantara
# # #
Suwardi suryaningrat
Kondang kanti asmo Ki Hajar Dewantara
Putra kraton sugih bhanda brana
Milih dadi satriya lelana
Manunggal sajroning rakyat jelata
Gugur dadi pahlawan negara
Minangka bapak pendidikan bangsa
-post in bisrinuryadi.blogspot.co.id-
9. Geguritan Tema Pahlawan Kemerdekaan
Berikut contoh geguritan pahlawan kemerdekaan karya dari Tantiningsih.
“Pahlawanku”
Karya: Tantiningsih
# # #
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedih
Kerajang rajang manahe
Karujut rujit rasa pangarsane
# # #
Pahlawanku…
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedene buktimu
Jiwa raga bandha ndunya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdeka
10. Geguritan Perjuangan Pahlawan

“Witah Getihku”
Karya: Mahardono Wuryantoro
# # #
Gumelar jembar bumi asri
Sumunar sumringah sunare bagas kara
Padang sumilak hanelai jagad nuswantara
Bumi pusaka wis kawentar
Ombak-ombak samudara, kencana kang ngrenggani
Wutah getihku dak tresnani
# # #
Kawulamu…
Guyub rukun anambut kardi
Jeroning swasana tentren lan merdeka
Giling ing tekad manunggal
Cumitak jeroning manah, bebarengan ambangun
# # #
Aku lila…
Korban jowo rogo kanggo bumiku
Nadyan awak ajur dadi sawur
Lan getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi
Labet raharjaning negara
# # #
Lumantar iki….
Isining atiku ginurit
Prasetyaku tukul songko atik kang tulus
Jogo langgenging kemerdekaan
Donga pujiku kabeh kaendahan, kanggo wutah getihku
11. Geguritan Tentang Pahlawan Segara Aru
” Segara Aru”
Bener lan yekti
Ananging sliramu dadi seksi
Marang poro pahlawan sejati
Ingkang mulih aran awit bekti
Ingkang mangku awet jejibahan
maring tugas engkang luhor lan jujureng palaga
Engkang ngemban amanat ayahan
Segara aru kang biru lugu blak-blakan
Engkang ngemu madu
marang madune bangsa satuhu
Kang asmo Yos Sudarso yoiku
Korban kang ana eng segoro aru
Sangking ludira engkang wekasan
Engkang kanggo nebus Iran
Yos Sudarso salah sijining kang gugur kalayan
Lan asmo engkang wus misuwur ing bebrayan
12. Geguritan Bahaja Jawa Pahlawan Kartini Emansipasi
ini adalah geguritan pahlawan kartini, karya dari Pakshe/wattpad.com
# # #
Wanondya ayu utama
Pantes kinaryo tulodha
Nadyan piningit
Jiwa lan gegayuhane sundul langit
Nenggih sang kartini pahlawan emansipasi
# # #
Kartini…Kartini…Kartini…
Nadyan krubyuk kabotan pinjung
Tetep jiwo satrio mbangun negara
Aminyak pedut kasangsaran lan kanishtan
Asung pepadhang mring wanita bangsa
Lumantar dalancang kang rinakit basa kan sastra
Hambudiya kemerdekaning wanita
Wanita darbe drajat kang podo lan priya
# # #
Wanita amung dados konco wingking?
Saiki dados wong penting
Wanito amung swargo nunut neroko katut???
Saiki pantes di nut
Wanita amung ono sumur, dapur lan kasur???
Saiki dadi gubernur
# # #
Kartini yekti pantes pinuji
Kartini yekti pantes jinunjung
Kartini yekti pantes kinurma
Minongko kebang eng nuswantara
13. Geguritan Tema Pahlawan Ir. Soekarno
Dibawah ini contoh geguritan pahlawan Ir. Soekarno yang dapat Anda pelajari
” Ir. Soekarno”
Jenengan niku pahlawan negara
Pahlawane bangsa Indonesia
Bebasne negari sangking penjajah
dadeake bangsa kang mergeka
# # #
Jasane jenengan katah dicontoh kaleh kawula muda
Ndadeake Indonesia merdeka
Bebas sangking penjajah
Panjenengan dados kasatria bangsa Indonesia
Lelabuhanmu patut dicontoh kawulo muda
14. Geguritan Tentang Pahlawan
Sumber: vroszzz.blogspot.com
# # #
Amung sliramu shing dadi pepujanku
Nora iso dadi iso
Cengegesan dadi disiplin
Harapan seng awale gak onok dadi ketok jelas ing ngarep mata
# # #
Aku nora iso mbales jasane jenengan
Nanging aku mung iso ngamalke ilmune panjenengan
Duh pahlawanku…
Ra onok uwong seng iso nyaingi jasamu
Estu, panjenengan seng terbaik
# # #
Padange srengenge nyinari esemmu
Iku sing gae semangat manahku
Ra onok shing iso nandingi keihlasanmu
Mugi-mugi perjuangane dados sangu
Aku nora bakal lali kabeh marang jasamu
Aku mung iso mbales jasane lewat dungo iki
Hangsanipun kulo mung isok ngucap matur suwun pahlawanku 🙂
Demikian contoh atau kata geguritan tema pahlawan yang dapat penulis sampaikan di artikel ini. Jika menurut Anda menarik silahkan bagikan kepada teman-teman Anda supaya lebih bermanfaat 🙂