Gegurita tema guru – Kali ini, kita akan membahas tentang geguritan tema guru. Di artikel sebelumnya sudah dibahas berbagai macam geguritan Bahasa Jawa dengan berbagai tema, dan masih banyak lagi contoh geguritan dengan tema tertentu yang dapat Anda pelajari di artikel sebelumnya.
Ada banyak contoh geguritan seperti geguritan dengan tema sahabat, pahlawan, ibu, lingkungan dan masih banyak lagi termasuk geguritan tema guru. Nah, berikut contoh geguritan dengan tema guru yang dapat Anda pelajari. Simak sampai akhir ya 🙂
Contents
Contoh Geguritan Guru

Untuk Anda pecinta seni sastra terutama puisi, apakah pernah Anda menulis puisi dengan menggunkan Bahasa Jawa? Apakah Anda mengerti apa itu geguritan? jika belum mengetahui baca di artikel sebelumnya mengenai geguritan bahasa jawa, di situ akan dijelaskan secara lengkap beserta contoh-contohnya.
Berikut ini beberapa contoh khusus geguritan tema guru:
Baca juga: Geguritan tema pahlawan
1. Guruku Perjuanganku

(Dwi Siswantoro)
Guru…
Mung sliramu seng dadi pepujan
Paring ilmu mboten nyawang wektu
Aku nora bakal lali marang kabeh jasamu
# # #
Guru…
Swaramu tansyah dak elingi
Pituturmu nora bakal dal lali
Ndadekna aku manungsa seng migunani
# # #
Guru…
Wayang esuk sliramu teka
Panase srengenge nora dadekne sungkawa
Esem lan donga ndadekna aku mangerti ndonya
# # #
Guru…
Kesele ragamu nora dirasa
Laraning atimu tansyah ditampa
Nanging sliramu tetep sareh uga prasaja
# # #
Duh guru…
Guruku ditiri, nora ditinggal turu
Guruku digugu, nora banjur diguyu
Hey ngertia!
Ditiru solah bawane, lan digugu pitutur becike
Nanging kasunyatane?
# # #
Aku kelingan pituture para pujongga
Ing ngrsa sung tulada
Ing madya mangun karsa, lan
Tut wuri handayani
Mugi guru pinaring berkahe Gusti kang murbeng dumadi
# # #
Guruku Pepujanku…
Nora ana piwales shing genteni
Kabeh niku wujud ikhlaseng ati
Aku mung biso matur, gungin panuwun kanggo dwija sejati
2. Geguritan Tema Guruku

Guruku…
Jenengan ingkang mbimbing lan didik kula
Sangking seng mboten ngertos dados ngeros
Ingkang mboten saget dados saget
Nasehate panjenengan ingkan tak ilingi
# # #
Matur suwun guru
Panjenengan pahlawan ning uripku
Aku mboten saget mbales jasane panjenengan
Aku mung bisa ndedunga marang gusti Allah
3. Geguritan Tema Guru

(Karya: Isti Mukarromah, Kebumen)
Sliramu tansah digugu lan ditiru
Marang kabeh muritmu
Atumu nora tahu nesu
Senajan aku tansyah kleru
Rupamu nyenengne ati
Pocapanmu ngademne ati
Tasah gemi nastiti, ngati-ati
Menehi elumu kanti tliti
# # #
Ora tahu ngraso suntuk
Anggonmu mulang wuruk
Supoyo muridmu nora ketubruk
Dadi wong pinter
Lan nora keblinger
Senajan kauripan nggadang nantang
Nanging tetep maju perang
Lan biso gayeng uripe
Ngrasakne jaman emase
Saka rekasane ing jaman biyene
4. Guru Dalan Uripku

Nora ngiro, nora ngipi
Gusti gawe lakuku saiki
Dadi abdining bumi pertiwi
Nggawe landep pikiring poro siwining negri
# # #
Kudu biso digugu lan ditiri
Digugu pocapanku
Ditiru tumindaku
Supoyo nora nggawe nacad jeneng guru
# # #
Nadyan kolo-kolo abang kuping iki
Merga tumindaking siwi
Daktampa kanti lilaning ati
# # #
Aja nganti sepi ing kawaruh
Aja pisan-pisan pikire landep dengkul
Cancut taliwanda
Adus kringet aku lila
Adol swara lan ngelmu kanggo majuning negara
5. Sertifikasi Guru

(Karya: Aris Irianti) Sumber, geguritan.com
Sertifikasi guru…
Kabeh wong wus podo krungu
Apa maneh ana kalangan guru
Nanging kanti sertifikasi guru mau
# # #
Apa bocah-bocah banjur mituhu
Nora wani karo Guru
Mugia kanti sertifikasi iki
Para siswa tambah bekti
# # #
Sinau ana sekolah kang mligi
Mantep, karep sajeroning ati
Kanti sertifikasi guru iki
Paro guru ana kang daftar haji
# # #
Uga akeh kang tuku mersi
Nanging kang utama
Kanti sertifikasi Guru iki
# # #
Para siswa tambah prestasi
Lan bekti marang ibu pertiwi
Lan marang kang gawe urip pati
6. Geguritan Tema Guruku
(Karya: Sutrapa.W.R)
Wingi nalika sikil iki
Tumpak sakduwure bumi
Durung paja-paja ngerti ha, na, ca, ra, ka
Alip, ba’, ta’, opo dene good morning teacher!
# # #
Lumakuning srengenge wus ganti
Panyawangku dadi padang
Trawangan
Rasaku sangsaya…
Nora bisa dakgambarake
Sih tresnamu nabet njanget
Sajeroning atiku
# # #
Lamung tanpo panjenengan
Biso opo aku nepaki bumi iki?
Leladimu marang aku
Nora timbang karo piwalesku
# # #
Bu guru… Pak guru…
Jangkahku isih adoh
Uripku isih nyamut-nyamut
Setitik setetes bun esuk
Iki wus cukup
Tmbang banyu sekendhi
Marakake ati mati
# # #
Lepasen lakuku
Lilakna labuh labetmu
Dak umbare gagasanku
Sedyaku kasembadan
Donga pangstumu
Nuntun marganing sedyaku
7. Guruku Ibarate Banyu Laut

Berikut contoh geguritan Bahasa Jawa tentang guru ibarat banyu laut, karya: RafileSukmawan, Sumber, wattpad.com.
# # #
Ibarate banyu laut…
Senajan diombe wong akeh, nora bakal entek
Ibarate srengenge….
Cahyomu nora bakal entek
Senajan digawe ngucal wong sak ndonyo
# # #
Ono dokter, ono pulisi, ono dosen
Sopo shing ngajari?
Ana tentara, ono kyai, ono insinyur
Sopo sing ngajari?
# # #
Kabeh mau jasane guru
Kabeh iso moco, iso nulis, lan iso pinter
Amergo jasane guru
# # #
Karo sopo…
Aku biso balas budi marang panjenengan
Rasane nora ana
Shing nyonggo utang iki
8. Geguritan Tema Guruku
Njenengan sampun ndadeake kula pinter
Panjenengan kados sabar ngajari kula
Njenengan sampun ngekeki contoh kang apik
Guru… kula jaluk ngapura
Kang kesalaanku seng nggawe jenengan susah
Matursuwun guruku
9. Guruku Kasenenganku

Berikut geguritan Bahasa Jawa tema guru kesenenganku Karya: Ayyub AN.
# # #
Guru…
Panjenengan mulang kulo kanti sabar
Nanging kula damel gelo marang jenengan
Kepripun coro supados panjenengan ngapurani kula
Lan kepripun carane mbales jasa panjenengan, guru…
Tanpo guru kulo mboten saget nuntut ilmu,
Sebab ilmu niku penthing sanget dateng kula
Lan ilmu niku kangge bakal kula
Tanpo guru, kula mboten saget bahagia
Guru…
Kepripun carane supados kula bisa mbales jasa panjenengan
Sungguh, tanpo guru kula mboten saget bahagia
10. Guruku Pahlawanku
Berikut contoh geguritan Bahasa Jawa tema guru pahlawanku, karya dari Bearotun.
# # #
Pribadimu kebak tuladha
Dhahar, ageman, lan, solahbawa
Kabeh sarwa prasaja
Nora neka-neka
Nora werna-werna
Jam putu tet wus aweh tandha
Tandha yen wiwit makarya para dwija wiwit adol swara
Swara-swara kang ngumandangake kebecikan, kaprigelan, lan kawasisan
Minangka damar kanggo ngayahi mayang bebrayan
Panjenengan pancen tlaten
Pakaryamu kebak kawigaten
Pantes kinakbeten
Nadya dudu putramu aku
Kok gulawentah tanpa ngetung wayah
Kok glati kanthi gemati
Datan lali panjenengan paring wanti-wanti
Kanggo urip biso mulya mukti
Aku mung biso nyuwun marang Gusti
Piwalesan ingkang tanpa umpami
Karaharja kawadidan katentreman
Muga tansyah pinaringan
Guruku…Pahlawanku
Nah, berikut beberapa contoh geguritan tema guru yang dapat penulis sampaikan di artikel ini. Semoga setelah membaca artikel ini Anda mendapatkan ide-ide untuk membuat puisi. Cara membuat puisi Bahasa Jawa itu tidak terlalu sulit, yang penting dapat menguasai bahasa jawa, jika belum bisa bahasa jawa Anda dapat mempelajarinya di pepak Bahasa Jawa.
Jika menurut Anda ini bagus dan layak untuk di bagikan pada teman-teman, silahkan bagikan kepada teman-teman Anda, supaya lebih bermanfaat lagi. Mudahdicari.com mohon maaf jika penulisannya salah dan kurang bisa dipahami, semoga sukses untuk Anda 🙂